09 Januari 2018

WONG JOWO KOK DITANTANG


Dalam sebuah pengajian di sebuah Pondok Pesantren di Pekalongan, seorang Jama'ah bertanya pada Kiai.
“Jika kita melihat negara lain di luar, kelihatannya lebih maju dan lebih makmur dari kita.  Bagaimana pandangan Pak Kyai tentang hal ini ?”
Pak kyai balik bertanya, “Contone negoro sing luwih maju seko awak'e dewe ki sing endi ?”
“Amerika Pak Kyai”
“Amerika sing luwih maju opone ?”
Jama’ah pun tertawa semua.

Pak Kyai melanjutkan :

“Tak kandani yo, nang amerika kui kelas Professor ki hp-ne Nokia lawas. Neng kene tukang batu wis duwe Smartphone. Aku ra ngerti Amerika kok arani luwih maju ki apane. Daya beli mereka rendah. Mereka gajinya besar tapi barang mahal. Nang kene ra duwe gaji wani rabi.
Indonesia daya belinya dahsyat. Nek ra percoyo njajal nang Singapura.
Nek ono toko sing blonjo wong Indonesia, regane diundakno.
Nang mekkah, nang Vietnam, awake dewe blonjo mesti regane diundakke, soalnya mereka menganggap semua orang Indonesia kaya.
Amerika apane sing luwih maju ?.
Nang Jepang ra isoh wong biasa tuku motor. Nang kene modal 500 ewu motor diter-terke tekan ngomah.
Nang Jepang yo kowe angel golek konco ro tonggo, opo meneh nek kulitmu warnane bedo. Nang kene angger jeh apal Pancasila, kuwi koncomu kabeh, kuwi sedulurmu kabeh. Opone sing luwih maju ?
Nang kene kowe ndelok Liga Inggris, Liga Spanyol, Liga Champion sak karepmu.
Nang Inggris kowe kudu mbayar, malah ono sing inden ngasik telung sasi ming arep ndelok bal-balan Liga Inggris.

Koyo ngono kok luwih maju !!!

Kowe nang Malaysia, nang Vietnam, nang Thailand, nginepo nang hotel po losmen.
Jam rolas mbengi metuo, golekko mie rebus, golekko udud, golekko kopi. Ra ono, jam malam wis do tutup kabeh, ra oleh wong metu. Nang kene sak wayah wayah ono wong dodol. Opone sing luwih maju ?
Nang Pekalongan kene ono pirang macem sambel.
Pendak warung bedo. Panganane ?
Macem macem, ngasik mumet ndasmu lek mikir.
Nang Eropa kono, seko pucuk elor Norwegia tekan pucuk kidul Spanyol badogane podo jjelehi.
Ngono kuwi luwih maju ?.

Nang Chino, kowe gawe anak ming oleh siji thok.
Punjul seko siji dicekel diinterogasi pemerintah.
Nang kene omah jeh ngontrak pendak dino gawe anak.
Ngendi negoro sing luwih maju ?

Seluruh dunia, yang bisa mensyukuri keberadaan daun pisang ming wong Jowo.
Godong gedang isoh dadi pincuk, taqir, dadi suru, dadi lontong, lemper, arem-arem lan sak piturute.
Di saat negara lain berlomba membuat produk bungkus makanan ramah lingkungan, wong Jowo wis ket jaman kuno nggawe produk kuwi.

Aku nek pas dolan luar negeri rung tau nemoni biting.
Onone ming staples.
Loh mbok kiro biting ki gampang.
Mbiyen butuh beratus tahun nggo nemokke biting.
Saiki gampang ming geri niru.
Ming seko biting we isoh dadi industry besar.
Negoro ngendi sing luwih maju ?

Awak'e dewe ki negoro sing paling disayang "Gusti Allah", rasah minder.
Bangga'o karo negoromu dewe... Bangunen...
Ben anak cucumu ngrasakke... Sadaro yo...
"Kemajuan mereka hanya kemajuan semu".

Ayo Sedulur sadarono:
AYO BANGKITKAN RASA NASIONALIESMU SEDULUR....

SAHROJI,S.Pd.I

CALEG DPRD PROVINSI JATENG
DAPIL BREBES,TEGAL DAN KOTA TEGAL
PARTAI PKB
NOMOR URUT 11